Informasi Lagu
300
Nomor
Kode
KPJ 300
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Cross Ref.
KPKA 206, NR 87
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Rama mugi angluberna berkah wonten ing satengahing pasamuwan. Para lare anak kawula sowan, anampeni prasetyaning Allah.
Pasamuwan kadadosna suci wonten asmanipun Rama ing Swargi. Para lare dadosa tyang piniji, nggih pinaringan gesang sejati.
Sang Roh Suci wah sabda Paduka mugi nuntun tyang mantep ing pracaya; wit dosanya wus linebur, binirat. Gesangnya amung krana sih-rahmat.
Para lare kang nembe kabaptis namanipun ingkang sampun tinamtu, kanthi terang ing Kitab tinulis, katuntuna murih gesang rahayu.
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 300