Informasi Lagu
101
Nomor
Kode
KPK 101
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 5 bait
Gusti kang seda gentose Tiyang dosa kang nista Tiyang ingkang pangraose Gadhah manah kang cela Ngakeni dosanipun Mawi wirang lan getun Temen nyuwun pangapunten Nggih mesthi Tuwan apunten
Kula sami ngaken dosa Wonten ngayunan Tuwan Tuwan adamel santosa Tyas kula kang kwirangan Drapon mantep ngandela Janji Tuwan kang setya Myang kasucekna ing driya Asma Tuwan pinujia
Gusti asih lan prawira Juru pangen kang setya Kang sampun masrahken srira Seda krana pra menda Kula sami lumebet Pamong Tuwan kang pened Kula menda pepanggihan Kang cinandhang ing kamulyan
Mangke kula ingecapan Manjing kagungan Tuwan Alepat ukum myang laknat De nunggil seda Tuwan Mangke kula tyang dosa Kasiraman ing toya Pasemone ing patobat Tuwan nyampurnakken tobat
Tuwan mugi aniteni Manah kula tumennya Inggih karsa angideni Kadrenging kajat kula Nyuwun baptis samangkya Drapon tansah ngestokna Karsa Tuwan kang pinuji Margi dening Roh kang Suci
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 101