Informasi Lagu
162
Nomor
Kode
KPK 162
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Cross Ref.
KPKA 50, KPJ 70
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 5 bait
Amung godhong, lah ta adhuh Gusti nganti muwun Dene ngupados wohira Katemenan miwah tresna Nanging kang pinanggya Amung godhong, amung godhong
Amung godhong, adhuh lae Dhatan ana wohe Saiba ta bilainya Yen kadhawuhan supata Awit kang kadarbya Amung godhong, amung godhong
Amung godhong, dhuh bilai Yen ndhungkap ing janji Mari jamaning kawlasan Kari jaman pangadilan Mangka kang kawuryan Amung godhong, amung godhong
Mung godhong, mung kembang lambe Ujar tanpa gawe Kang sinebar gung kadarman Kang thukul mung kasaguhan Tembung-tembung lahan Amung godhong, amung godhong
Amung godhong, Gusti rawuh Mriksa kang tumuwuh Playunira menyang ngendi Lamun wohira mung dami Mung pakaning geni Amung godhong, amung godhong
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 162