Informasi Lagu
169
Nomor
Kode
KPK 169
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 7 bait
Tumengaa tyas lan mata Ngisor tan ana lulus Urip sih mukti sanyata Mung aneng Gusti Yesus Sagung nikmat ing bumi Dhatan guna mring ati Sing angajap urip nyata Tumengaa tyas lan mata
Kasugyan kajena tiyang Dhasar damel kapiran Boten lami mesthi ical Mas lan slaka lir gebal Gusti, lamun sih Tuwan Saged ngayemken manah Kadonyan pundi pundia Tan saged ngayemken driya
Urip langgeng ingkang mulya Kang neng dhuwur sediya Iku wajib den lurua Tan katon, nanging nyata Mata daging merema Urip nyata neng swarga Urip kang wajib ingarah Urip mulya aneng Allah
Iba mulya ing warisan Tansah ngabekti Allah Tan mati, lara lan tiwas Tanpa dosa myang salah Laku suci sampurna Mukti girang neng swarga Urip langgeng aneng padhang Peparinging sihe Allah
Adhuh Gusti tuking slamet Kang yektos lan tan ical Tan wonten pisan rahajeng Anjawi saking Tuwan Tuwan nyawisken kula Dhateng swarga kang mulya Nggennya wradin amemuji Sih Tuwan kang anglangkungi
Mugi sagung tyang rujuka Lan golongan mlaekat Nggenipun tansah memuja Sih lan kamulyan Tuwan Inggih kawula puja Trus akerat slaminya Dene Tuwan kang nebusi Klayan rah Tuwan kang suci
Dhuh Gusti iba rahajeng Pitepangan Paduka Estu yen anengsemaken Ngewakaken kadonyan Tuwan mugi anarik Manah kula menginggil Bandha kula wonten ngrika Tuwan langgeng pinujia
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 169