Informasi Lagu
49
Nomor
Kode
KPK 49
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 9 bait
Rahayu tiyang apes Tyang mlarat ing budi Tan ngandelaken awak Sumendhe mring Gusti Lir kere asesambat Anyuwun wilasa Tyang mlarat ingkang darbe Karaton ing swarga
Rahayu tyang kang nangis Wit kathah panerak Prihatos ngrudhatin Getun dhe klepatan Sedhihe denaturken Mring Yesus Gustinya Tyang nangis kang linipur Ngantos langkung muktya
Rahayu tyang kang sareh Nyabari panyiya Tan malesken piawon Nging remen ngapura Tiyang kang purun ngawon Menang wekasannya Tyang kang mantep sarehe Bumi warisannya
Rahayu tyang keluwen Lan kasatan manah Ngorong dennya kepengin Oleh kasampurnan Tyang ngorong mring kasucen Gusti kang maringi Kasampurnane pyambak Tinuwukan yekti
Rahayu kang nglampahi Kaw’lasan mring tiyang Kang awit saking Gusti Kang seda wit welas Rahayu kang ngrencangi Repote sesami Tyang kang welas saestu Sinung w’lase Gusti
Rahayu tyang kang suci Ing lair lan batin, Nyengiti lan nyingkiri Sabarang kang najis, Dalah melike pyambak. Tyang suci ing manah Badhe manggen ing padhang, Ningali ing Allah
Rahayu kang telatos Nindakken pirukun, Ngrukunken kang sulayan, Nglegani tyang sagung, Angger tan nganti camah Injile Pangeran, Tyang sumlondhoh den anggep Putranipun Allah
Rahayu kang ingoyak, Wit lampahe leres, Wit ngabekti ing Allah, Tinarka sinereg Sira yen cinampahan, Wit ndherek ing Gusti, Giranga, dhe Gustimu Mesthi tan nyampahi
Aja ilang atimu De’ panganiaya Gusti ngreksa mring sira Klawan agung kwasa Kanthi akeh reribed Nggonmu keslametan Dene kratoning swarga Sira kang sinungan
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 49