Informasi Lagu
66
Nomor
Kode
KPK 66
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 11 bait
Gusti Yesus tanpa dosa Yogya pinuji-puji Mantepipun ing pracaya Lan nggennya manut kang Rama Sajegipun neng donya
Kasucenipun linuwih Purwa tekeng duksina Saha dhasar trus ing galih Salamira tan manggih Lepat s’kedhik-kedhika
Nadyan satrune kang samya Ngangkah badhe mejahi Kathah nggenira anerka Mring Gusti, nging lepatipun ‘Nggih tan saged mastani
Dhatenga ing pundi-pundi Kang nggodha pinten-pinten Samanten ‘nggih tulus suci Dhasar tanpa cacad Gusti Ingkang nandhingi sinten ?
Mila ketawis kewala Rumaketnya lan Allah Wit saking kasucenipun Ngungkuli pra nabi samya Yektos kang Putra Allah
Kang Rama inggih narimah Sanget nggenipun asih Dene sareng sampun pasrah Nemahi sakit lan pejah Allah nggesangken malih
Nunten ginanjar kamulyan Wah kamukten ing swarga Pangwasa inggih sinungan Kaangkat Ratu Panutan Ing pra umat sadaya
Dhaweg kanca, sami pasrah Sarta manut ing Gusti Ingkang temen trus ing manah Nggen kula tobat ing Allah Inggih kang Mahasuci
Kula rumaos tyang dosa Tinandhing klayan Gusti Saestu boten prayogi Malih-malih kenging godha Lali mring kang Ma’suci
Panyuwun kula : Dhuh Rama Sageda kula, sami Tumulad dhateng kang Putra Inganggepa Ratu kula Sarta dipun tut-buri
Mendah nea begja kula Yen saged nelad Gusti Ing benjing badhe sampurna Lepat sakathahing dosa Tur langkung dening mukti
Slide Lirik 11 slide
Slide 1 — KPK 66 1
Slide 2 — KPK 66 2
Slide 3 — KPK 66 3
Slide 4 — KPK 66 4
Slide 5 — KPK 66 5
Slide 6 — KPK 66 6
Slide 7 — KPK 66 7
Slide 8 — KPK 66 8
Slide 9 — KPK 66 9
Slide 10 — KPK 66 10
Slide 11 — KPK 66 11
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 66