Informasi Lagu
78
Nomor
Kode
KPK 78
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Cross Ref.
KPKA 268, KPJ 252
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 6 bait
Gusti agesang malih Sampun ngawonaken pati Gusti wungu kula nggih Sestu sami badhe tangi Sinung gesang kang mulya Yeku panglipur kula
Gusti wungu jumeneng Ratu aneng kraton swargi Umatipun kang mantep Benjing ndherek angratoni Gusti ingkang prasetya Yeku panglipur kula
Gusti wungu, e kanca Sampun uwas-uwas malih Gusti dados Pantawis Kang gesang, karsa anggalih Ing kaapesan kula Yeku panglipur kula
Gusti wungu, atemeh Amikantukaken kula Kasantosan, yen kedah Angleluri lampahipun Saged kalis ing dosa Yeku panglipur kula
Gusti wungu supados Pikekah kawula sami Salebeting panggodha Dalasan ing baya-pati Gusti tan nilar kula Yeku panglipur kula
Gusti wungu, si pati Sampun ical antupira Klayan ayeming ati Badhe kula tilar donya Sowan ing Gusti kula Yeku panglipur kula
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 78