Informasi Lagu
204
Nomor
Kode
KPKA 204
Buku
Kidung Pasamuwan Kristen Anyar
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 5 bait
Dhuh Gusti kula sung puji ing bujana suci niki de ngraosken ing kraharjan wah kamulyan saking swarga tetunggilan lan Pangeran yogya kula ndhandha gesang.
Dhuh Gusti kula nglenggana mring dosa nggih lepat kula tan saged nguwalken dhiri sing rehing pati antaka mung ngegungken sih Paduka Allah Kang Mahawilasa.
Dhuh Gusti kula ngakeni sih Paduka agung yekti wit sedaning Kristus Gusti kula luwar saking pati sinungan gesang sejati langgeng wilujeng ing swargi.
Dhuh Gusti kula nampeni sih rahmat luber sing swargi kula sumarah pracaya nggih ngayom mring Sang Pamarta dinadosken putreng Allah kang tansah numrahken berkah.
Dhuh Gusti kula prajanji wus mesthi kula tetepi saos sokur datan kendhat tansah martosken sih rahmat wah gesang mursid sayekti rameng gawe pamrih sepi.
Partitur / Not
Partitur Chord KPKA 204