Informasi Lagu
248
Nomor
Kode
KPKA 248
Buku
Kidung Pasamuwan Kristen Anyar
Metronom
0
Cross Ref.
KPK 73
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Saiba sangsaraning Gusti anyanggi bebendu nadyan tan dosa nging sinami lir durjana satru ingukum kisas nggegirisi tan kendat siniya jinemalan lajeng kasalib anemahi seda.
Sanadyan Gusti tanpa dosa nglampahi pinenthang, nggenNya ngrembat dosaning jagad tumanduk salir tyang, nggenipun masrahaken nyawa dhasar dipun sedya, karsanya nebus tiyang kathah nggih kula sadaya.
Gusti sinalib ambabarken sihe Allah Rama ingkang Putra den tegakaken mrih kraharjan kula, saiba sih piwlase Allah dhateng tiyang dosa, sami pinaringan apura lantaran kang Putra.
Sinalibing Gusti ngosikken tyas kula sadaya, ngraosaken labuh labetnya anombokken nyawa, sestu kula rumaos begja tampi katresnannya, prayogi yen kula wangsuli pitados wah bekti.
Partitur / Not
Partitur Chord KPKA 248