KPJ
Brayat Kang Tiangsulan Ing Tresna
Informasi Lagu
316
Nomor
Kode
KPJ 316
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik
4 bait
Brayat kang tinangsulan ing tresna,
tetales pitados mring Gusti,
mesthi ayem tentrem lan raharja,
atut rukun wah lestari,
silih asah lan asih,
silih asuh tan pamrih,
temah adeging brayat puniki,
nengsemken mring sesami.
Brayat kang tresnanira sejati, kados sihe Sang Kristus Gusti.
Lung - tinulung silih angladosi, tan nguja karseng pribadi.
Yen bebaya anrajang, linawan sesarengan,
temah adeging brayat puniki, nengsemken mring sesami.
Brayat kang mbangun - turut mring Gusti, tegen ndedonga lan ngabekti,
kraos lan rumaos nampi berkah, jroning bingah dalah sisah;
gesangnya kagem Allah, blaba berbudi tansah,
temah adeging brayat puniki, nengsemken mring sesami.
Brayat ingkang satuhu sembada, tamtu datan anguciwani,
kalamun pinaringan momongan, pinerdi bekti mring Gusti,
mrih setya lembah - ati, blaba gemi - nastiti,
temah adeging brayat puniki, nengsemken mring sesami.
Slide Lirik
4 slide
Partitur / Not
Partitur chord belum tersedia
Sama Tema
Kidung Bebrayatan
Bryayat Kang Tentrem Gesangnya
KPJ
Duk Kina Sampun Dhinawuhken
KPJ
Gusti Allah Ingkang Maasi
KPJ
Kadya Adam Lan Hawa
KPJ
Kang Nuntun Laku Utama
KPJ
Kulawarga Kang Rahayu
KPJ
Lenggah Jajar Tandha Sih
KPJ
Mendahnea Rahayu Tyang Gegriya
KPJ
Neningkahan Kang Kinekahken
KPJ
Puji Miwah Panuwan
KPJ
Punika Brayat Kula
KPJ
Rahayua Salamanya
KPJ
Sadherek Kula Niki
KPJ
Saiba Gunging Nikmatnya
KPJ
Sanyata Prayogi
KPJ
Sapunika Dadosa Lembaran Enggal
KPJ
Tentangsuling Dhaup Suci
KPJ
Tyang Kekalih Jawat-Asta
KPJ