Informasi Lagu
333
Nomor
Kode
KPJ 333
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Cross Ref.
KPKA 303
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
Tyang kekalih jawat asta tandha manah sajuga, sinartan janji satuhu, tresna tinresnan saestu; salaminya setya tansah, jroning bingah dalah sisah, netepi ing kuwajiban, mrih utami ing bebrayan.
Janji tamtu dentetepi, wit Gusti wus ngidini; kinekahken, binerkahan, sineksenan pasamuwan, nedya tansah gesang suci srana mbangun - turut Gusti, temahan brayat raharja, gesangnya dadya tuladha.
Kalpika kencana adi, tengering janji suci pinasang ing driji manis, sinartanan tembung aris "Kalpika tandhaning tresna, kang langgeng ing salamanya, sira iku sisihanku, telenging sih mung sliramu.
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 333