Informasi Lagu
348
Nomor
Kode
KPJ 348
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Cross Ref.
KPS 143
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Pasamuwan kang nyawiji, netepi sabdaning Gusti, dadya paseksi sanyata, Yesus yeku Sang Pamarta. Sih rahmating Allah tumrah maring sagunging tumitah. Saliring tyang kang pracaya, basuki gesang ira.
Pindha badan mung sajuga, nging kathah peranganira. Pasamuwan kang manunggal, ambabarken gesang kang enggal, samidene mbiyantoni, wit sih sinihan lestari, tunggal ati, tunggal Gusti, nengsemken mring sesami.
Peparing kang beda-beda dadya pisungsung kang adya, mrih kamulyaning Pangeran; wah majenging pasamuwan. Sinangkul kang karepotan, nyingkir mring pasulayan mrih tuwuhing kamursidan, nggayuh mring kasampurnan.
Pasamuwan kang nyawiji nekseni Injiling Gusti nglantarken sihing Pangeran datan mawang mring salir tyang; mbelani tyang kang sangsara, nadyan beda ing pracaya, krana ajining manungsa citreng Allah Makwasa.
Slide Lirik 4 slide
Slide 1 — KPJ 348 1
Slide 2 — KPJ 348 2
Slide 3 — KPJ 348 3
Slide 4 — KPJ 348 4
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 348