Informasi Lagu
338
Nomor
Kode
KPJ 338
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Style
Blockbuster
Cross Ref.
GB 273, NKB 111, PKJ 105, KK 289, KMM 77, KPKA 310
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Greja prasasat baita neng tengah samodra, Kristus kang dadya panutan enering lampahnya. Nadyan tan sepi bebaya, ombak, lan prahara, mesthi tulus kang sinedya, gisik ing sampurna, angger tansah tan suwala mring sagung pangrehnya, temah sembada widada, kalis sing rubeda. Ayo disetya tulung tinulung tunggal sedya, karya aneng Sang Pamarta ngantos salaminya.
Greja prasasat baita neng tengah samodra Kristus kang dadya panutan enering lampahnya. manuta pandoming lampah, nggih sabdaning Allah, nyingkirana watu karang sengseming kadonyan, mrih tan nemahi cilaka, kerem ing samodra, temahan tan bisa dadi seksi kang sembada.
Greja prasasat baita neng tengah samodra Kristus kang dadya panutan enering lampahnya. Samangsa prahara nempuh, iman kudu kukuh, Samangsa pedhut sumrambah, aja gampang semplah. Nadyan ombak mbilaeni, aja cilik ati, wit Kristus pyambak kang nganthi, mrih Greja lestari.
Greja prasasat baita neng tengah samodra, Kristus kang dadya panutan enering lampahnya. Yen tan padha tunggal ati, nemahi bilai; baita lepas kendhali tininggal pradondi; wit sayektine babaya neng tengah samodra, uga king jroning baita, mula di waspada.
Slide Lirik 8 slide
Slide 1 — KPJ 338 1
Slide 2 — KPJ 338 2
Slide 3 — KPJ 338 3
Slide 4 — KPJ 338 4
Slide 5 — KPJ 338 5
Slide 6 — KPJ 338 6
Slide 7 — KPJ 338 7
Slide 8 — KPJ 338 8
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 338