Informasi Lagu
378
Nomor
Kode
KPJ 378
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
Kawula para abdi kasepuhan muji sokur wit tansah binerkahan. Wiwit anem ngantos sepuh kawula, datan kendhat dennya nampi nugraha. Mugi gesang kawula migunani, lan dadya dilah wah sareming bumi.
Sumangga sisaning gesang kawula, kaagema manut pangreh Paduka. Anak - putu tebiha sing belai; wit gesangnya tansah tinunggil Gusti. Sami guyub-rukuna, tansah tresna - tinresnan sumarah maring Pangeran.
Mugi Gusti, pangayoman kawula, pra manungsa samya kadhawuhana anilingna mring sabdaning Pangeran, tuhu tegen dennya ulah katresnan, drapon pra umat sami den tansah kinanthia samangkya wah sapengkernya.
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 378