Informasi Lagu
105
Nomor
Kode
KPK 105
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Cross Ref.
KPJ 311, KPJ 302
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 8 bait
Dhuh Allah kang Ma’ Wilasa Sampeyan aparing sih Kula kasandhangan dosa Nging Sampeyan kang ngaksama Tansah amaringi sih Piwlas kang Mahaluwih
Bujana suci kang nggugah Rumaose pra kanca Iba kawlasane Allah Mring kula wah tiyang kathah Duk masrahken kang Putra Amrih kraharjan kula
Roti kang cinuwil-cuwil Sarta sami dentedha Yeku salirane Gusti Semana pinaringaken Maedahi pra s’khabat Miwah tiyang sajagad
Tuwung kang sami denombe Yeku darahe Gusti Rahing prajanjian anyar Semana winutahaken Dados lantaranira Pangapuntening dosa
Gusti ingkang maringaken Sliranipun priyangga Sestu dipun tombokaken Nggenipun angentasaken Para umat sadaya Ingkang sami pracaya
Kula sami anampeni Palimirma Sampeyan Boten wonten kang nyameni Dhahar dalu kang nekseni Palimirma Sampeyan Sestu tanpa wangenan
Dosa kula langkung kathah Kula sami ngakeni Sampuna Gusti apasrah Ngantos dumugi ing seda Kula pados mring pundi Icaling dosa mami
Mila kula mradinaken Menggah seda Sampeyan Ingkang ngrahayonaken Saha ingkang nglepataken Kula sing paukuman Mung sedane Panutan
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 105