Informasi Lagu
106
Nomor
Kode
KPK 106
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Cross Ref.
KPJ 307
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 10 bait
Kula nika tiyang dosa Lan sami tinimbalan Dening Gusti kang Ma’ Suci Kinen sami tunggalan
Kang nimbali wus nyawisi Bujana ingkang suci Ingkang suka manah rena Mila gung kula puji
Tiyang dosa lan duraka Kang sami tinedhahan Angger tampi wlase Gusti Sam’yangsal kanugrahan
Gusti mulya kang wilasa Kang nrimah tiyang dosa Manah kula sinucekna Lan angsala santosa
Manah kula samya nlangsa Sedhih langkung kepatos Yen sampuna antuk mirma Saestu mutawatos
Nging pinuja salaminya Tuwan kang Ma’ Wilasa Pangluwaran myang kraharjan Welas Tuwan kang yasa
Wit kawlasan srira Tuwan Sampun Tuwan srahaken Kasangsaran dharah Tuwan Tiyang kang ngwutahaken
Tuwan seda krana kula Kula temah kluwaran Saking pejah lan pangesah Wah sagung panasaran
Allah nrima dhateng kula Punika panjerira Anggur roti kang denbukti Minangka kang sarira
Kula sami anampeni Sih Tuwan kang sampurna Kang katandhan ing rah Tuwan Allanggeng kaluhurna
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 106