Informasi Lagu
119
Nomor
Kode
KPK 119
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 7 bait
Adhuh Allah Rama kula Kang munggeng swarga adi Sowan kula akaliyan Sadherek kula sami Kadreng pikajeng kula Mulyakaken mring Rama Nyaosi pamuji tuwin Panggunggung kang trus ing batin
Wit kathahing sih peparing Sarta kawlasan Rama Ingkang tansah ambleberi Dhateng kula sadaya Ngantos tanpa etangan Dene sih kamirahan Wah pitulung Tuwan sestu Tan pegat siyang lan dalu
Dhuh Rama, kula punika Sinten, dene kok Tuwan Welasi kelangkung-langkung Ngatahaken kadarman Sedheng kula tyang dosa Kathah klepatan kula Boten pisan yen nimbangi Sihing Rama kang Ma’suci?
Tan liya mung palimirma Tuwan ingkang tetela Dening Gusti kula Yesus Putra Tuwan priyangga Mila den gunggung-gunggung Palimirma kelangkung Nglepataken saking siksa Temahan paring nugraha
Punika anama Injil Pawartos kang prayogi Kang kawradin wradinaken Ing salumahing bumi Kula nggih winartosan Kabar kawilujengan Kang cinandhang para umat Dening Pamartaning jagad
Dhuh Rama, kula nyaosi Sewu-sewu panuwun Dene marengi ing karsa Paring serep mring ulun Panutan kang sejati Kang ngungkuli pra nabi Lantaran kula raharja Malah ginantungan swarga
Mugi mugi jasad kula Sami dipun langgengna Salebeting prajanjining Sih palimirmanipun Mugi kawewahana Ing pitados wah tresna Sageda mantep ing Gusti Lantaran saking Roh Suci
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 119