Informasi Lagu
121
Nomor
Kode
KPK 121
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Cross Ref.
KPKA 266
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 5 bait
Sihe Allah maring jagad Ngantos nyangken kang Putra Mring campah lan kawirangan Drapon jagad slameta Duk taksih samya duraka Kula sinungan welas Seda putrane Allah Anebus kula sing nraka Allah asih, manusa lan mlaekat mujia
Drapon luwar saking dosa Kula sinung Roh Suci Kang nitahken tyas santosa Anglipur lan madhangi Angreh lampah lan pangrasa Salebet waton tresna Mulang tataning swarga Matemah raharja baka Allah asih, manusa lan mlaekat mujia
Niku sih kang ngeramaken Tanpa tandhing tur mirah Tyang dosa karukunaken Manjing putraning Allah Nadyan agetun de apes Lan risaking tyas kula Sihe Rama kang setya Nulungi lan mirma ageng Allah asih, manusa lan mlaekat mujia
Biyung napa saged tega Bayine manggih tiwas ? Napa pantes nama rena Kolu risaking anak ? Langkung malih, adhuh Rama Kang mirsa ribed kula Tuwan mlasi ribed kula Kang sampun sinung aksama Allah asih, manusa lan mlaekat mujia
Lamun kula ngajengaken Badhe apegat nyawa Ngriku ugi taksih mantep Nggunggung sih palimirma Inggih kula luhuraken Neng ngarsane Sang Rama Wah ngarsane kang Putra Tansah mawi ngidhungaken Allah asih, manusa lan mlaekat mujia
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 121