Informasi Lagu
47
Nomor
Kode
KPKA 47
Buku
Kidung Pasamuwan Kristen Anyar
Metronom
0
Cross Ref.
KPK 136
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Gusti mugi mirsani nggen kula kesrakatan kula mlajeng mring pundi namung dhateng Pangeran nyuwun tulung dhuh Allah mugi nglanting kawula sing sagung karibedan dimen pulih lejara.
Tan wonten pangauban sestu namung Paduka, etuking pitulungan tumrap tyang kang nalangsa, yen kegunturan sedhih miwah nandhang sangsara, sinten kang nglipur malih inggih namung Paduka.
Gusti dados pikekah miwah beteng kawula karosannya tyang lungkrah pepadhangnya tyang wuta, kula apes anglentrih Gusti maringi kiyat, kula tyang kawlas asih tansah nyuwun sih rahmat.
Gusti tuking kadarman mugi mlasi mring kula, uwala sing momotan wah kalis sing panggodha, Gusti tuking kraharjan kang kwasa mbirat dosa, mugi nucekken kula temah gesang sembada. .
Partitur / Not
Partitur Chord KPKA 47