Informasi Lagu
136
Nomor
Kode
KPK 136
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Cross Ref.
KPKA 47
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Gusti mugi ningali Nggen kula kesrakatan Kula mlajeng mring pundi Anjawi dhateng Tuwan Dhuh Gusti nyuwun tulung Mugi nglanting kawula Sing karibedan agung Tinuntuna mring swarga
Tan wonten pangauban Namung sih rahmat Tuwan Tuwan dados plindungan Mring tyang kang kesusahan Yen kegunturan sedhih Wah kawratan ing dosa Sinten kang nglipur malih Lir Tuwan kang wilasa?
Tuwan dados pikekah Miwah beteng kawula Krosannya tiyang lungkrah Wah padhangnya tyang wuta Kula apes anglentrih Tuwan paringi kiyat Kula tyang kawlas asih Namung nyuwun sih rahmat
Sih Tuwan klangkung mirah Mugi linuberena Mring amba kang sulayah Tyas kula linejarna Gusti tuking kraharjan Kang kwasa mbirat dosa Mugi ngumbaha mring wang Dimen suci sampurna
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 136