Informasi Lagu
149
Nomor
Kode
KPK 149
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 7 bait
Daweg ta kanca Kang sami pracaya Den sora-sora angalembana Mring Gusti kula Kang sipat wilasa
Piwlase Gusti Maring kula niki Seestu nglangkungi Mila prayogi Pinundi-pundi Lan pinuji puji
Sami den manah Gusti ingkang pasrah Sami den manah Kang Putra Allah Nglabuhi pejah Nebusi tyang kathah
Kula lan dika Sami nandhang dosa Nging sepintena Klepatan kula Allah ngaksama Margi ingkang Putra
Daweg ta sami Temen animbangi Piwlase Gusti Langkung utami Kula wangsuli Trisna trus ing ati
Daweg ta sami Temen anglampahi Prentahe Gusti Gusti ajanji Badhe ngrencangi Lantaran Roh Suci
Dhuh Gusti kula Kula pasrah samya Kang trus ing driya Mugi mantepa Nggen kula trisna Slami-laminya
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 149