Informasi Lagu
152
Nomor
Kode
KPK 152
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Cross Ref.
KPKA 178
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 7 bait
Gusti Pepadhanging jagad Nyumerepken margine Tyang ngupados karaharjan Ing donya ngakerate Gusti pyambak dados margi Kula manggih kraharjan Wonten alam donya ngriki Ndungkap jaman klanggengan
Gusti ingkang nglairaken Asmanipun kang murba Dados Bapake manungsa Rama kang wonten swarga Kang Ma’asih Mahamirah Pan sugih palimirma Dhateng sagunging pra umat Dhateng kula sadaya
Gusti Pepadhanging jagad Madhangken sagung jalmi Kang kepengin katarimah Dening Kang Mahasuci, Kinen tresna maring Allah, Ingkang trusing wardaya, Kinen tresna mring sesami Saminira sadaya
Tyang rumaos kelepatan Dhateng Kang Mahasuci Ajrih kenging bebendhune, Langkung peteng ing ati Nanging Gusti kang madhangi Dados Pangruwatipun Temahan tiyang pitados. Mesthi antuk apura
Saiba peteng manahe Tyang kang manggih cilaka Tan kwawi prihatinira Sambate: kaniaya Sareng pitados ing Gusti Tan kirang panglipure Kumandel piwlase Allah Dados padhang manahe
Mugi cahyaning pepadhang Kang mancur saking Gusti Nunten enggal sumrambaha Mring salumahing bumi Angicalna pepetenging Bodho miwah ing dosa Amadhangi tyang sadarum ‘Pami cahyaning surya
Kang mugi padhange Gusti Nyunari kula, tansah Ketawisa saking cipta Wah pikajenging manah Witne’ saking kalakuan Iba ta begja kula Yen ngambah margi kang padhang Suminggah saking piala !
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 152