Informasi Lagu
151
Nomor
Kode
KPK 151
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 6 bait
Gusti nampeni tyang dosa Sareng kula rumaos Kathah kasalahan kula Gusti maringi usada Jejampining prihatos
Gusti tan nampik tyang dosa Dahat pangemanipun Ngantos tedhak maring donya Nglampahi papa cintaka Amrih kamukten kula
Gusti nimbali tyang dosa Anggugah manahira Kasuprih sami tobata Ing Allah ‘nggih Rama kula Angsala pangapura
Gusti nglelipur tyang dosa Awit dados margine Angsal kula pangapura Lelabeting sedanipun Nglabuhi mring umate
Gusti ngluwari tyang dosa Sami den-lepataken Saking paukumanira Wah den anyarken budinya Sestu den-sucekaken
Rahayu tiyang kang samya Katampen dening Gusti Pinaringan sih-nugraha Ing donya ngakeratira Cinadhang swarga adi
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 151