Informasi Lagu
126
Nomor
Kode
KPK 126
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Cross Ref.
KJ 25, NR 139, KP 83, KP 44
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 7 bait
Hyang Ma’suci, kang ningali Batining samudaya Mirsa kula jember nistha Risak de gung duraka
Cahyeng lintang kredhep endah Tan padhang neng ngarsanya Mangka kula kebak dosa Kados napa rupanya ?
Kula ngungsi dhateng pundi Dhuh Allah murbeng nyawa ? Dhateng Tuwan kang wit welas Tan nampik tyang cilaka
Putra Tuwan sampun nyandhang Margi dhateng tyang dosa Antuk sowan ngarsa Tuwan Kang maha asih darma
Amin, inggih wit gunging sih Neng Golgota sedanya Srana rahnya manah kula Sirna sagung dosanya
Suprandenya tyasing abdya Kedah supe lan gingsir Sring klepatan ngantos uwas Prihatos miwah tintrim
Dhuh Rama gung Tuwan tulung Tatag pitados kula Saking tresna angestokna Karsa Tuwan kang mulya
Slide Lirik 7 slide
Slide 1 — KPK 126 1
Slide 2 — KPK 126 2
Slide 3 — KPK 126 3
Slide 4 — KPK 126 4
Slide 5 — KPK 126 5
Slide 6 — KPK 126 6
Slide 7 — KPK 126 7
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 126