Informasi Lagu
168
Nomor
Kode
KPJ 168
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
Lah ta padha mawasa kembang neng ara-ara; tan angantih tan nenun, saestu endah warnanya. Sapa ta kang akarya myang maringi busana? De endah munjuli, de endah munjuli.
Gusti wus ngandika, "Sun kinacek lan puspa; myang saliring dumadi, ingkang gumlar neng donya, smana nggennya ngrimati, tan pisan nguciwani". Mendah tumrap kula, mendah tumrap kula!
Heh, nyawaku ja kwatir tumrap sandhang lan tedha, Allahmu tan mubadir, wah gung sihe mring kita. Jroning sedhih myang susah, sumendhea mring Allah; tamtu sinung ayem, tamtu sinung ayem.
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 168