Informasi Lagu
237
Nomor
Kode
KPJ 237
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Cross Ref.
PG 150
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Nyawaku muji Allah, sukmaku bungah-bungah. wit saka peparinge Allah marang abdine. Dene karsa ngudaneni asoring kawulanya, nganti saliring bangsa ngarani aku rahayu.
Aku sinungan berkah saka astaning Allah dene suci asmane, lan gedhe mukjijate, kawelasane dhumawuh mring kang padha ngeringi, wis mesthi denberkahi tumeka turun-tumurun.
Astane Allah kita nindakake pangwasa, mbuyarke wong digung, pra wisesa denlungsur, ngluhurke para asir, wong ngelih denerobi salir amal kang becik, wong sugih tinundhung legeh.
Allah wus murinani Israel, dimen ngengeti marang kawelasane mring Abram satedhake. Allah netepi prajanji marang leluhur kita, langgeng ing salamanya, asmane pinuji-puji.
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 237