Informasi Lagu
47
Nomor
Kode
KPJ 47
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Jumlah Bait
3 bait
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
Dhuh Allah, nyawa kula ngantos-atos Paduka Mugi pitedah Paduka kaparingna mring kula. Tetiyang kang mengsahi enggala sumingkir ugi, wit Paduka pribadya sumber pitulung kawula.
Dhuh Allah mugi ngèngeti mring sih-palimirmanta. wiwit rikala Yéhuwah nglubèraken aksama, karsa ngluwari kula nebihken sagunging dosa. Krana sih-kadarmanta, nyawa kawula rîneksa.
Allah Maadil Mamirah tan ngegungken bebendu. Tiyang kesasar ing lampah tinuntun tobat sèstu. Déné tyang lembah-manah tinuntun ing margi yekti, awit margi puniki setya kadarmaning Gusti.
Slide Lirik 3 slide
Slide 1 — KPJ 47 1
Slide 2 — KPJ 47 2
Slide 3 — KPJ 47 3
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 47