Informasi Lagu
61
Nomor
Kode
KPJ 61
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Jumlah Bait
5 bait
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 5 bait
Saestu keduwung kula, dene kirang setya. Kadhawuhan kinen tresna dhateng Allah wah sesami, nging tan ana bukti Aduh Gusti, nyuwun suci
Saèstu keduwung kula, dé gesang mung nglaha. Kèlu pangwasaning dosa, mung nguja sengseming driya, lampah tan prayogi. Adhuh Gusti, nyuwun suci.
Saèstu keduwung kula, dé ndlarung ing dosa. Nadyan rinoban sih-rahmat, nging datan énggal mratobat, mangkotaken ati. Adhuh Gusti, nyuwun suci.
Saèstu keduwung kula, nglirwakken kwajiban mrih tuwuhing pasamuwan miwah gesanging bebrayan, tentreming dumadi. Adhuh Gusti, nyuwun suci.
Saèstu keduwung kula, lamun dugèng janji, gesang kula tan sembada, nilar citraning Sang Rama, mesthi dèn bendoni. Adhuh Gusti, nyuwun suci.
Slide Lirik 5 slide
Slide 1 — KPJ 61 1
Slide 2 — KPJ 61 2
Slide 3 — KPJ 61 3
Slide 4 — KPJ 61 4
Slide 5 — KPJ 61 5
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 61