Informasi Lagu
57
Nomor
Kode
KPJ 57
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Jumlah Bait
3 bait
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
Nikmating donya nggodha ati, mikat kita dimen nebih Gusti, lan kabeh iku tan nguripi, nging nggendeng kita mring telenging pati. Reff Aja randhat umareka, sowana ing dina iki uga. Gusti wus ngantya mring sira lah Pangayomanmu kang tuhu setya.
Mara mbuwanga sengsemira, wit iku panyidra lan pamblasar, ninggala dosa lan duraka, ngungsi mring Gusti sira mesthi luwar. Reff
Marek mring Gusti tan suwala, aywa kalungsèn kadaluwarsa. Puputing nyawa tan kanyana, mula éstokna di énggal mareka. Reff
Slide Lirik 4 slide
Slide 1 — KPJ 57 1
Slide 2 — KPJ 57 2
Slide 3 — KPJ 57 3
Slide 4 — KPJ 57 4
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 57