Informasi Lagu
79
Nomor
Kode
KPJ 79
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Jumlah Bait
3 bait
Cross Ref.
NR 148, KPKA 109
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
Karsa Paduka priyangga mugi tansah kelampahan. Pra kang sabar myang pracaya, tamtu antuk pitulungan Paukuman katampia lir penget lan pitedah dimen tangguh ing pangantya, tan koncatan sih Paduka.
Gusti tuking pitulungan, panglipur, lan pangayoman. Sagung pitedah Paduka tan badhé kawula lawan. Sihing Gusti lir samodra lubèr ngerobi kula. Wah nyata sabda Paduka mratélakken palimirma.
Kawula nyuwun, dhuh Gusti, lamun manggih kasisahan, panggodha, miwah panyobi, kawula sageda tahan. Tan kuwatos, tan sumelang, sih Paduka cumadhang, temah unggul kula yektos, karana saking pitados.
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 79