Informasi Lagu
88
Nomor
Kode
KPJ 88
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Jumlah Bait
3 bait
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
Osiking manah kawula tan kenging kaendhakna, kadereng asung pamuji wit sih tresna Paduka. Gusti tedhak saking swarga dhateng jagad kang nistha, ngrembat dosaning prajalmi nguwalken saking pati.
Gusti, Paduka siniya cinampahan tan taha, wit mundhi dhawuhing Rama mitulungi manungsa; ngunjuk tuwunging sangsara wah séda ing Golgota. "Wus rampung", panguwuhira sarta masrahken nyawa.
Sih Paduka dhateng kula sanget kawula pundhi. Salib Paduka ndadosna bingah kula lestari. Saiba begja kawula darbé Juru-basuki; kalangkung panuwun kula wah asmanya pinuji
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 88