Informasi Lagu
73
Nomor
Kode
KPK 73
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Cross Ref.
KPKA 248
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 7 bait
Saiba sangsaraning Gusti nglampahi pinentang kasami lan tiyang durjana nggene kapatrapan Ingukum kisas sakelangkung pisakiting Gusti gitikan lajeng kasalib temahan ngemasi
Pundi dosane Gusti kula Nglampahi pinentang? Saestu Gusti tanpa dosa Ngrembat dosaning tyang Nggenipun masrahaken nyawa Dhasar dipun sedya Karsa nebus mring tyang kathah Nggih kula lan ndika
Mekaten Allah kang Ma’suci Tan ngeman kang Putra Ingkang kekasih Denpasrahken Mrih kraharjan kula Saiba kawlasane Allah Dhateng tiyang dosa Sinungan pangapunten sami Lantaran kang Putra
Gusti sinalib nedahaken Mantepipun tansah Pamituhune mring kang Rama Dhatan kenging ewah Klampahan pinisakit Gusti Inggih dipun temah Sestu tan ngeman slira ngantos Dumugi ing pejah
Wis pestine yen Gusti Kristus Anandhang pisakit Yeku margine mlebet dhateng Kamulyan linuwih Kamulyan aneng swarga agung Nggenipun kaangkat Jum’neng Ratu miwah Panutan Ing sagung pra umat
Gusti sinalib, anenangi manah kula sami Suados kasaenanipun Kawula timbangi Pinten banggi saged amales Ing sih-kawlasannya Prayogine kula wangsuli Pitados wah tresna
Lamun kula manggih pakewed Wit saking ngakeni Asmane Gusti, sampun ngantos Kawula selaki Sageda nyipta salibipun Wonten ing ngajengan Supados tetep mantep kula Dumugi wekasan
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 73