Informasi Lagu
75
Nomor
Kode
KPK 75
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Cross Ref.
KPKA 250, KPJ 271
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 5 bait
Dhuh pamarta seda Tuwan ngluwar kula sing ukuman iba gunging pitulungan Tuwan kang nebus kula De kula nyaur napa Tuwan kang nebus kula De kula nyaur napa
Aneng salib Tuwan nyanggi Sakathahing dosa mami Ing srira Tuwan pribadi Tuwan nombokken nyawa De kula tombok napa De kula nyaur napa Tuwan kang nebus kula De kula nyaur napa
Kala Tuwan pinisakit Rah Tuwan ndlewer ing salib Wah kang srira tatu wradin Tuwan nglabuhi kula De kula males napa De kula nyaur napa Tuwan kang nebus kula De kula nyaur napa
Sambat Tuwan amlas-asih Dhe klangkung sungkaweng galih Tinilar ing Hyang Ma’asih Nggentosi siksa kula Kula mangsuli napa De kula nyaur napa Tuwan kang nebus kula De kula nyaur napa
Kula isin yen kemutan nggen kawula kesambutan mangka sring taksih kluputan kula mugi winulang animbangi sih Tuwan De kula nyaur napa Tuwan kang nebus kula De kula nyaur napa
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 75