Informasi Lagu
212
Nomor
Kode
KPKA 212
Buku
Kidung Pasamuwan Kristen Anyar
Metronom
0
Cross Ref.
KPK 54
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 8 bait
Pinuji Allah Makwasa Gustine tyang kang pracaya De umate tinuwenan Pinaringan pangentasan.
Sunguning tentrem raharja wus tuwuh wit Sang Pamarta pinaringken mring umatnya mring trahe tyang mursid nyata
Allah ngluwari umatnya sing tyang remen ing duraka wah netepi prasetyannya sung nugraha mring manungsa
Pinuji Allah murbeng rat nggih kang nglubema sih rahmat temah tyang pracaya yekti angabekti tanpa wedi
Tyang mursid nggih sru memuji nggunggung-nggunggung mring Hyang Widi aneng sajroning kasucen wah ngugemi ing kayekten
Turune tyang mursid yekti dinuta mrih dadya nabi yeku cecalaning Gusti ngundhangken margi basuki
Margining rahayu yekti mung sih rahmatipun Gusti nggih pangapuraning dosa wit kwasananing Sang Pamarta
Sang Surya Enjing wus prapta madhangi sagung manungsa mrih tyang kang aneng pepeteng samya manggih gesang langgeng
Partitur / Not
Partitur Chord KPKA 212