Informasi Lagu
232
Nomor
Kode
KPKA 232
Buku
Kidung Pasamuwan Kristen Anyar
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Swawi kanca sumyak sung puja ing dinten adya punika Sang Pamarta mangkya manjalma miyos dados bayi papa wit gung sihnya mring manungsa karsa nylamet ken gung tyang dosa
Swawi kanca asung panggunggung aneng dinten natal agung Allah wus ngluberken sih rahmat mring tyang dosa nggih mratobat sagunging tyang pracaya pasrah dinadosken pra putreng Allah
Swawi kanca ngulukken puji ing dinten suci puniki Allah nebus jalma sing pati mrih sinungan gesang yekti Tansah dadya lantaran berkah tentrem rarja sumrambah tumrah
Swawi kanca ngaturken sembah aneng dinten natal endah Allah ngruwat jalma sing dosa sinucekken gesangira mrih dadosa seksi sembada Kratoning Allah tedhak donya.
Partitur / Not
Partitur Chord KPKA 232