Informasi Lagu
222
Nomor
Kode
KPKA 222
Buku
Kidung Pasamuwan Kristen Anyar
Metronom
0
Cross Ref.
KPJ 241
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Ratu mulya nging ngesorken srira krana karsa nylametken tyang dosa nandhang papa wiwit wiyosira suket alum nggedhong Kang Sinuhun pamakanan papan sarenipun langit bumi sung sembah pamuji.
Ratu yekti ratu saking swargi tedhak donya jumeneng Pantara angrukuna Allah lan manungsa pra mlaekat ngidung nggunggung Allah de sih rahmat tumraha sumrambah karaharjan mring tyang sinarjonan.
Ratu suci ratu welas asih lintang adi surem krana sedhih njerit nangis krana pokal wengis para bayi ing Betlekhem nagri den pejahi dening iblis nraka jagad sepi wit sungkaweng driya.
Ratu nyata ngasta tentrem rarja mbirat dosa nyirnakken antaka tyang mersudi kautamen yekti sowan Gusti asung sembah bekti wah ngaturna pisungsung mirunggan tyang pracaya misungsungna gesang.
Partitur / Not
Partitur Chord KPKA 222