Informasi Lagu
277
Nomor
Kode
KPKA 277
Buku
Kidung Pasamuwan Kristen Anyar
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 1 bait
Minggah ardi Golgota wus lungkrah sriranya, Yesus kang tanpa dosa sinami durjana Ilang ajining dhiri, nir pamoring Gusti Tansah ingewan-ewan, sarta jinemalan Putreng Allah sejati sinalib ngemasi. Rahe Yesus kang suci wus nelesi bumi, nyirnakken sagung dosa, nucekken manungsa Sang Kristus pegat nyawa, nir kwasaning dosa Salib kayuning laknat, dyan dados sih rahmat margi muktining mukti kalis saking pati, pinuji-puji Allah kang asih mring jagad Putranya kinurbanken mrih jalma raharja pinuji-puji Allah kang ngluberken rahmat tyang kang samya pracaya lulus aneng swarga Mulada tan kendhat mring kayuning laknat.
Partitur / Not
Partitur Chord KPKA 277