Informasi Lagu
279
Nomor
Kode
KPKA 279
Buku
Kidung Pasamuwan Kristen Anyar
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
Kristus Sang Pamarta siniksa siniya nulya sinalib ing Golgota, iblis lincak-lincak, setan surak-surak nganggep kwasaning Kristus suwak, nging yektine Sang Kristus menang, dosa kwasaning iblis ilang pati, dayaning dosa musna, tyang pracaya gesang sanyata.
Kristus Sang Pamarta inganggep durjana sinalib tedhak mring naraka, tinegakken Rama ngruwat tiyang dosa mbikak margi kang dhateng swarga, mangkya manungsa rinukunken sagung dosanya ingapunten, luwar sing kwasaning pepeteng temah gesangnya ayem tentrem.
Kristus Sang Pamarta suci wah sampurna sinalib nyulihi tyang dosa, netepi prajanji wecaning pra nabi mbabarken sih rahmating Gusti, pulih martabating manungsa dadya putraning Allah Rama, margining berkah tumrah wrata sagung titah gesang raharja.
Partitur / Not
Partitur Chord KPKA 279