Informasi Lagu
1
Nomor
Kode
KPJ 1
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Jumlah Bait
4 bait
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Allah iku Maha kwasa, kang nitahken langit-bumi, tinalesan srana samodra, tumumpang ing kali-kali. Yekti Allah Mahakwasa, yogya tansah pinuji puji
Kang kepareng ngabyantara anèng Padaleman Suci, kang resik tangan wah manahnya, tan naté dosa ing lathi Yéku tyang mursid sanyata, tansah setya dumugèng janji.
Berkahing Pangèran tumrah mring tyang ajrih-asih yekti, gesang tansah tentrem-rahayu wit kaadilaning Gusti. Kang tansah ngupadi Allah, kangen Gusti rina lan wengi.
Gapuraning Padaleman kangkata, mrih ombèr sèstu. krana Sang Ratuning kamulyan kepareng tindak lumebu, yéku Gustining kaswargan Kang Mahakawasa, Allahmu.
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 1