Informasi Lagu
18
Nomor
Kode
KPJ 18
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Jumlah Bait
5 bait
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 5 bait
Nyawaku, pujinen Allah! Gusti mulyakna tansah! Slawase sinungan umur, luhurna srana masmur! krana namung Pangeran, yekti tuking kraharjan.
Andel-andel kang sejati sajuga, yéku Gusti. Salir jalma tanpa daya, kwasané énggal sirna. Tyang kang ngayomi mring Allah tansah rinoban berkah.
Allah kang nitahken jagad, kasetyané tan kendhat; mbéla tyang kinaniaya, nulungi tyang sangsara, njejegken kaadilan, ngluwari tyang ukuman.
Pangéran Allah Maasih ngiyatken tyang kang ringkih, mbombong tyang sisah manahnya, nyarasken tyang kang wuta Tyang mursid dèn kasihi wah ngrukti tyang ketrini.
Pangéran jumeneng raja, pangrèhé ing slaminya, tan négakken kang siniksa, gya nylametken umatnya. Sagunging tyang pracaya ngidungna, "Haléluya"
Slide Lirik 5 slide
Slide 1 — KPJ 18 1
Slide 2 — KPJ 18 2
Slide 3 — KPJ 18 3
Slide 4 — KPJ 18 4
Slide 5 — KPJ 18 5
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 18