Informasi Lagu
277
Nomor
Kode
KPJ 277
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
Taman Getsemane kang sepi, minangka seksi. De Sang Kristus mirsani kang bakal sinandhang. Tan ana sawiji-wijia rowang mung godhong garing tumibeng bumi Mangkya wustumengkaning pesthi, Gusti netepi janji.
Taman Getsemane kang sepi, seksi sejati riwene Gusti lir rah mili rentah nelesi bumi. Malaekat, sawusnya nyantosani, Gusti datan ajrih ing bilai, ngepeng ndedonga trusing ati, Gusti netepi janji.
Taman Getsemane kang sepi, seksi sejatigodhong lan kembang dadi alum wit sungkawaning Gusti. De kekayu kudune dadi berkat, malih dumadi salibing laknat, jer wus dadi anteping ati, Gusti netepi janji.
Slide Lirik 3 slide
Slide 1 — KPJ 277 1
Slide 2 — KPJ 277 2
Slide 3 — KPJ 277 3
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 277