Informasi Lagu
13
Nomor
Kode
KPK 13
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 6 bait
Allah kang dadi pangungsen Sarta pangauban kita Banget nggone ketitik dadi Andel-andel jro krubedan Kang iku kita tan giris
Nadyan gunung pada obah Kecegura ing segara Dadia segara gumuruh Angumbulake unthuke Dadia gunung gumeter Dening molak-maliking alun
Ana kali-kali akeh Mbungahken kuthane Allah Pepunden daleme kang luhur Allah neng jro kutha iku dadine mesti santosa Tinulung wiwit bangun rina
Pra umat pada ruara Kraton-kraton moyag-mayig Pang’ran nggludugake swaranya Bumi dadi sumlengeren Yehuwah njurungi kita Allahe Yakub beteng kita
Mara padha amawasa Kaelokane Yehuwah Nggone akarya tetumpesan Peperangan ingenengake Tekan pungkasaning bumi Rata ingobongan ing geni
Sira pada amenenga Mikira yen Ingsun Allah Linuhur ing salumah bumi Ya satengahing pra umat Yehuwah njurungi kita Allahe Yakub beteng kita
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 13