Informasi Lagu
45
Nomor
Kode
KPK 45
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Cross Ref.
KPJ 358
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 5 bait
Tuwan badhe kula puji Ingkang kanthi eklasing manah Wonten ngajenging pra ageng Ngungelaken pujining Allah Kawula badhe asujud Ngucap sukur dhumateng Gusti Dene sih kadarman Tuwan Lan kasetyan tan ewah gingsir
Nadyan sepinten-pintena Misuwurnya asmaning Gusti Nging taksih linangkung mulya prasetyanya Allah kang suci Sareng wonten sambat amba Tuwan karsa enggal nulungi Tuwan maringi santosa Ing tyas amba Ngantos tan keguh
Para rajanipun bumi Badhe muji asma Paduka Sasampuning sami myarsa Pangandika ing lesan Tuwan Sami memuji lan matur Sagung sukur dumateng Allah Sami ngidungken pangrehnya Wit tetela kaluhurannya
Saestu luhur Pangeran Dene Tuwan angudaneni Mring saliring tiyang andhap Nging kang digung Tuwan tan samar Lampah kawula kinepang Lan kinalang ing kasusahan Nanging Tuwan paring gesang Asta Tuwan paring kluwaran
Allah mesti ngrampungaken Samukawis tumrap kawula Kawula kapitulungan asta Tuwan Ingkang kawasa Dhuh Gusti kadarman Tuwan Lan kawlasan langgeng slamanya Tuwan badhe boten nilar Mring pakaryan ing asta Tuwan
Slide Lirik 10 slide
Slide 1 — KPK 45 1
Slide 2 — KPK 45 2
Slide 3 — KPK 45 3
Slide 4 — KPK 45 4
Slide 5 — KPK 45 5
Slide 6 — KPK 45 6
Slide 7 — KPK 45 7
Slide 8 — KPK 45 8
Slide 9 — KPK 45 9
Slide 10 — KPK 45 10
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 45