Informasi Lagu
21
Nomor
Kode
KPK 21
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 6 bait
Dhuh Gustine bala tantra Wisma Tuwan iba dennya Anengsemaken manah mami Nyawa kawula angengleng Ngantos lesah de cengklungen Manah lan raga kula sami Sumyak de kangen mring Tuwan Dhuh Allah kang mengku gesang
Dalah peksi manggih griya Kedali wonten susuhnya Kang den selehi anakira Wonten ing dalem pamujan Dhuh Allah nggih rajaningwang Rahayu tiyang kang gegriya Aneng padaleman Tuwan Tansah memuji Pangeran
Rahayu tiyang kang nglindhung Dhateng Tuwan kang ma’agung Lenging ciptanira tan liya Namung margi ingkang dugi Ing wisma Tuwan kang suci Lamun kasatan neng marginya Tuwan kang maringi jawah Kang nyegeraken ing manah
Inglampahnya saya mindhak Kakuwatannya ing awak Ngantos sami sowan Allahnya Dhuh Gustine bala tantra Mugi myarsakken pandonga Miwah panyuwune kang amba Nggih mugi katilingena Dhuh Allah kang mahasetya
Dhuh Allah tetamengingwang Kula wonten wisma Tuwan Namunga sadinten kewala Punika prayoginira Anglangkungi sewu dina Kula mlaur tengga gapura Neng daleme Allah mami Klawan manggen wor tyang juti
Yehuwah dados sesurya Miwah totameng kawula Tyang kang temen ing salampahnya Mesti boten dencukengi Samukawis kang prayogi Dhuh Gustinipun bala-tantra Rahayu tyang kang sumendhe Maring Pangeran Allahe
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 21