Informasi Lagu
37
Nomor
Kode
KPK 37
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
Mripatku tumenga mring langit Pitulunganku king ngendi Pitulunganku saking Allah Kang murbeng langit lan bumi Pangeran kang ngampingi sira Tan pareng yen nemu tiwas Pacalangira ora ngantuk Mula atimu aja was
Pacalange ing pasamuwan Mesthi tan ngantuk lan sare Yehuwah yeku Pacalangmu Kang agung ing panjangkunge Yehuwah kang ngayomi sira Temah dhatan kasumukan Dening panase ing tengange Myang anyepe ing rembulan
Allah kang rumeksa mring sira Inguwalken saking salir Godha rencana lan bilai Temah nyawamu tan kwatir Sira metua, lumebua Tansah jinangkung tan kendhat Ya, samengko neng alam donya Lan tumeksa ing akerat
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 37