Informasi Lagu
3
Nomor
Kode
KPK 3
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 5 bait
Dhuh Allah kang ngadili kawula Tuwan mugi narimah ing pasambat Salebeting karupekan kula Tuwan kang paring omber mring kawula Mugi rentaha sih kawlasan Tuwan Ngantos myarsakaken pandonga kula
Pra priya nganti pira lawase Kluhuranku ‘nggone kawirangake Nganti pira lawase enggonmu Padha rumaket mring kang tanpa guna? Apa maneh nganti pira lawase Enggonmu padha angupaya cidra?
Padha sumurupa yen Yehuwah Miji wong siji dadi kekasihe Allah anjurungi yen daksebut Dadia ana srengenmu ya aja Gawe dosa, mosika ing atimu Ana ing paturon, sarta lerema
Nyaosna kurbaning kamursidan Sarta kumandela marang Yehuwah Kathah tiyang kang gadah pangucap “Sapa nuduhake begja mring aku?” Duh Allah, Tuwan mugi mletekaken Cahyaning wedana Tuwan mring kula
Tuwan paring bingah dhateng kula Langkung saking ingkang karaosaken Mring tyang kang angsal gandum lan anggur Kawula badhe leyeh-leyeh tilem Amargi, dhuh Yehuwah, namung Tuwan Kang manggenaken kula asantosa
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 3