Informasi Lagu
23
Nomor
Kode
KPK 23
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
Kula ngalembana mring kang Mahaagung Tansah kula sebut setyatuhunipun Sumrep kula nadyan sampun agung sihipun Tansah badhe mindhak pratandha piwlasipun Upami langit kang tan gingsir saking done Makaten dhatan ewah-ewah kasetyane
Rahayu tyang remen datheng sabdheng Allah Lampahira sasat kasorotan tansah Ing cahya kang mancur saking wedana Tuwan Bingah manahipun dening sihe Pangeran Prasetya Tuwan amesthi tan nglingsemaken Kaadilan Tuwan malah angluhuraken
Pangeran kang dados pangauban mulya Wah malih pikekahing kakwatan kula Kula badhe unggul ing saliring bebaya Malah kaparingan kamulyan aneng swarga Sabab Pangeran kang nemengi umatipun Sinungan Panutan kang langkung dening kwasa
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 23