Informasi Lagu
22
Nomor
Kode
KPK 22
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 9 bait
Dhuh Allah mugi myarsakken Lan mugi njurungana Dhateng pasambat kawula Wit kesrakat lan papa Nyawamba Tuwan reksa De mursid sedya kula Mugi kapitulungana Dhuh Gusti gendholan amba
Dhuh Allah mugi melasi De adreng sambat kula Kawula Tuwan paringi Bingah ing manah amba Nyawa kula, dhuh Gusti Tan pegat nganti-anti Dhateng Tuwan Allah amba Mila Tuwan tulungana
Agung kasaenan Tuwan De rena angaksama Langkung gung sih-kadarmannya Mring kang sami cilaka Tiyang kang nyebut Tuwan Sami kapitulungan Mugi Tuwan myartakaken Swaraning pasambat amba
Dinten kribedan kawula Mesthi sambat mring Gusti Wit tan wonten kang nyameni Tuwan kang nrimah puji Kang tumindak sadaya Nelakaken kwasanya Dene dhatan wonten Allah Anjawi Tuwan piyambak
Para umat kang tumitah Badhe sami asujud Sarta nyaosaken urmat Dhateng kang Mahasuci Tuwan pyambak maluhur Nindakaken mukjijat Denenamung Tuwan piyambak Allahipun para umat
Kula mugi Tuwan wulang Ndherek karsa Paduka Mlampaha ing margi Tuwan Angen-angen kawula Mugi dipun tunggilna Mring pangabekti nyata Manah amba katuntuna Ngluhuraken asma Tuwan
Dhuh Gusti, kawula nggunggung Asma Tuwan kang luhur Kanthi gumulonging manah Tansah kula luhurken Wit agung kadarmannya Lan sih Tuwan mring amba Karsa paring pitulungan Nyawamba kaentasaken
Tyang angkuh sami ngayoni Dhateng kula dhuh Allah Tiyang ambek ngroda ngangkah Dhateng nyawa kawula Nanging Tuwan mahawlas Asih, sabar lan setya Tuwan mugi ngudaneni Klayansih dhateng kang abdi
Kang abdi pinaringana Pangungsen kang santosa Anakipun abdi Tuwan Pinaringana tanda Ing sih Tuwan, supadya Wiranga satru amba Wit kawula tinulungan Ginanjar panglipur Tuwan
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 22