Informasi Lagu
36
Nomor
Kode
KPK 36
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Cross Ref.
KPKA 225, KPJ 216, KPJ 203
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 7 bait
Rahayu kang utama lakune Ngambah dalaning prentahe Pangeran Rahayu kang netepi dhawuhe Wong kang manut ing sapangrehe Gusti Sarta tansah telaten netepi Sakarsane klawan eklas ing ati
Dhuh Gusti, punapa isaratnya Tyang neneman saged jujur ing lampah Kejawi dipun reh mituruta Sapangandika lan prentahing Allah Kawula sampun ta Tuwan uja Nyaleweng nilar ing pepaken Tuwan
Tuwan mugi ngirid lampah amba Manut mituruta ing prentah Tuwan Dhatan pegat salami-laminya Kula Tuwan paringi manah padhang Dhawuh Tuwan kawula estokna Klayan eklas lan gumolonging manah
Dhuh Yehuwah, wicanten kawula Tuwan punika panduman kawula Dene kawula namung sumedya Badhe netepi salir dhawuh Tuwan Tuwan mugi maringi sih mirma De panyuwun kawula kanthi eklas
Sestu sabda tuwan dados dilah Wonten ing ngajenging suku kawula Margi kula tansah denpadhangi Dhuh Gusti, kawula sampun supaos Kawula tansah badhe netepi Prentah Tuwan kalawan trusing batos
Dhawuh pangenget Tuwan punika Sami adi tur elok anglangkungi Inggih punika pusaka kula Sarta kabingahaning manah kula Sabda Tuwan maringi pepadhang Lan mangertos mring kang cupet ing budi
Yehuwah kawula sebut Kanthi gumolong lan eklasing manah amba Mugi Tuwan karsa nyembadani Kawula netepana dhawuh Tuwan Kang abdi sesambat dhateng Tuwan Mugi kaparingana karaharjan
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 36